Jumat, 18 November 2011

Gurit November@art

GURIT 10 NOPEMBER 2011

oleh Mac Gayoon pada 10 November 2011 jam 22:11
Sun sambangi sira
Ing sak lingire galar-galar ati
nalika srengenge sing kenthang kenthang
wes ilang daya panase
sak wise sumburat angin ra nggawa sumilir

tole wong ngganteng sing tak gadhang gadhang
patrape sira sing ndepani bantala
ing tembe mburi laku sira sing nemtokake
arahe angin buritan agung iki

lho alah toleee. toleee....
dobong abang... lakumu kok tambah nglewang
paugeran di terak....
pager-pager podo ditabrak
ngendi pengeling eling sing tak kidungne
naliko sira isih ono gendongan
yen akhire mung bisa melik marang barange liyan

Sun sambangi sira
ing sak lingire galar-galar ati
nalika surya kelangan padang
lan jagat wus cupet gelaran

opo kowe wes lali
cita cita lan perjuanganmu marang pesti
ing tembe mburi

Surabaya, 10 11 2011

Tidak ada komentar:

Posting Komentar