CHENG SHUI
oleh Mac Gayoon pada 18 Juli 2011 jam 11:53
Sun petak ajiku mangambar ambar
Sun sebar murakapi dulur dulur lan kadang kadang
Penginmu apa, penginku rasa
Ojo mung dadi blukuthuk tanpa makna
Urip iku perjuangan
Kang perlu siasat lan pamulangan
Dedep karep sing jinangkah marang janma kang sumrambah
Mbergegeg ugeg ugeg sadulito mbhel……. Weeeeeee
Tung tung tung .. tak tak tung
Wes ra usah di petung
Mergo jaman wes katon njemblung
Siji loro katone ora genah
Akeh piyantun sing imane goyah
Ning ngendi katresnan
Lunga menyang ngendi ilange rasa sayang
Ojo takon pengin dadi sapa
Ning manahen mengko dadi apa
II
Iki tahun kebak pitakon
Sing ora gampang jinawab kanti guyon
Esem sing linambar ana lambe
Ilang pamor ajine marang kejujuran
Sing nangis isa mesem
Sing seneng iso nangis nggereng gereng
Apa karepe takon si suta
Apa sing dikersakake marang si nala
Duh… pancen angel njangka relung atine manungsa
Ing jaman kebak pitakon
Ojo takon pengin dadi sapa
Ning gagasen mengko dadi apa
Iki tahun kebak pitakon
Sing ora gampang jinawab kanti guyon
Karepmu apa
Penginmu dadi apa
surabaya, 15072011
Sun sebar murakapi dulur dulur lan kadang kadang
Penginmu apa, penginku rasa
Ojo mung dadi blukuthuk tanpa makna
Urip iku perjuangan
Kang perlu siasat lan pamulangan
Dedep karep sing jinangkah marang janma kang sumrambah
Mbergegeg ugeg ugeg sadulito mbhel……. Weeeeeee
Tung tung tung .. tak tak tung
Wes ra usah di petung
Mergo jaman wes katon njemblung
Siji loro katone ora genah
Akeh piyantun sing imane goyah
Ning ngendi katresnan
Lunga menyang ngendi ilange rasa sayang
Ojo takon pengin dadi sapa
Ning manahen mengko dadi apa
II
Iki tahun kebak pitakon
Sing ora gampang jinawab kanti guyon
Esem sing linambar ana lambe
Ilang pamor ajine marang kejujuran
Sing nangis isa mesem
Sing seneng iso nangis nggereng gereng
Apa karepe takon si suta
Apa sing dikersakake marang si nala
Duh… pancen angel njangka relung atine manungsa
Ing jaman kebak pitakon
Ojo takon pengin dadi sapa
Ning gagasen mengko dadi apa
Iki tahun kebak pitakon
Sing ora gampang jinawab kanti guyon
Karepmu apa
Penginmu dadi apa
surabaya, 15072011
Tidak ada komentar:
Posting Komentar